Tuesday, 2 September 2014

MC Wisuda Basa Jawa



Bahasa Jawa adalah salah satu Bahasa Daerah yang sangat unik dan rumit, karena memiliki tingkatan atau unggah ungguh dalam mengkomunikasikannya. Berikut ini adalah contoh penggunaan Bahasa Jawa untuk MC acara wisuda. Silahkan mempraktikkan ya.....
 
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun Bapak Kepala Dinas Pendidikan Dasar Kabupaten Bantul ingkang satuhu kinurmatan,

Panjenenganipun Bapak Ketua Pimpinan DDaerah Muhammadiyah kabupaten Bantul ingkang dhahat kinurmatan,

Bapak kepala UPT PPd Kecamatan Bantul ingkang saestu kulo hormati

Bapak Ketua Pimpinan Cabang Muhammadiyah Kecamatan Bantul ingkang kulo hormati

Bapak kepala sekolah saha Bapak/Ibu Guru, karyawan/karyawati SD Muhammadiyah Bantul Kota ingkang kinurmatan
Bapak saha Ibu saking lare-lare kulo  kelas VI ingkang kulo hormati.

Bapak saha Ibu para tamu undangan ingkang kulo hormati.

Keparengo kulo ing mriki ingkang sampun kapiji. Supados nderekaken lampahing adicoro seremonial wisuda, SD Muhammadiyah Bantul Kota taun pelajaran 2011/2012 ing dinten meniko.

Wondene, lampahing adicoro wisuda sak mangkih siswa siswi kelas VI badhe dipun sebat naminipun.

Ingkang dipun winisuda langkung rumiyin, inggih meniko siswa siswi ingkang pikantuk prestasi inggil. Ingkang sak mangkih badhe dipun sarirani panjenenganipun Bapak. Drs. H. Sahari, M.Pd.
Sumonggo dhumateng Bapak Drs. H. Sahari, M.Pd. kasuwun tumuju wonten sasono wisuda.

Wondene, siswa-siswi ingkang pikantuk prestasi inggil, inggih meniko :
Setunggal                            Wahida Putri Nurul Hafizah
Putra estri Bapak Fuad Mushoffa
Kaping kalih                        Nada Violia Pramitha Nashri       
Putra estri Bapak Sriyanta, Sarjana Pertanian
Kaping tigo                          Nur Mutia Mayangsari
                                                Putra estri Bapak Sukamto
Matur nuwun dhumateng Bapak Drs. Sahari, M.Pd ingkang sampun amisuda siswa siswi ingkang pikantuk prestasi inggil

Siswa siswi sanesipun badhe dipun wisuda dening Bapak Kepala Sekolah SD Muhammadiyah Bantul Kota.
Sumonggo dumateng Bapak Drs. H. Sutapa, M.Pd kaaturaken tumuju wonten sasana wisuda.


MEMBACAKAN NAMA ANAK-ANAK YANG DIWISUDA SATU PERSATU



Matur nuwun dhumateng Bapak Drs. Sutapa, M.Pd ingkang sampun amisuda siswa siswi SD Muhammadiyah Bantul Kota.
** *
Bapak/Ibu ingkang kulo hormati
Mekaten wau menggah adicoro wisuda siswa siswi SD Muhammadiyah Bantul Kota sampun kalampah kanthi sae.
Ing mbok bilih anggen kulo derekaken lampahing adicoro wisuda saking purwo, madya, lan wusananipun kathah kalepatan saha kekirangan, saking kulo pribadi nyuwun agunging pangapunten.

Wekdal kulo konduraken dumateng pranata adicoro.

Wusana kulo akhiri Assalamu’alaikum Wr. Wb.


No comments:

Post a Comment